Jumat, 23 Maret 2018

ARTIKEL : OMAH ADAT JAWA

Omah Adat Jawa

     Miturut ngelmu kalang yaiku ngelmu bab seni arsitektur omah adat Jawa, wangun omah Jawa iku kaperang dadi lima yaiku:
1.         Wangun Panggang Pe, yaiku omah kang payone mung sesisih. Biasane kanggo manggon sawetara wektu utawa ora kanggo netep.
2.         Wangun Kampung, yaiku omah kang payone pelana, empyake rong iring, kiwa lan tengen kanthi molo ana tengah.
3.         Wangun Limasan, yaiku omah kang payone wujud limas, empyak patang iring kanthi molo ana tengah.
4.         Wangun Joglo utawa Tikelan, yaiku wangunan kanthi saka guru lan empyak payon patang iring sarta molo siji ana tengah.
5.         Wangun Tajug, yaiku bangunan kanthi saka guru lan payon patang iring ananging tanpa molo, dadi wujude payon lancip. Wangun iki digunakake kanggo papan pangibadah masjid.
     Saka limang wujud omah kasebut sing paling moncer yaiku omah joglo. Omah joglo nduweni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur. Ing jaman saiki wis arang banget ditemokake omah wangun joglo merga pancen kagolong omah kuna. Ciri kang gampang dimangerteni saka omah joglo yaiku bagean payon pendhapane dhuwur kaya gunung. Denah omah joglo kuwi wujud bujur sangkar. Ing wiwitane wangun joglo nggunakake saka cacah papat  ing perangan tengah kang diarani saka guru, lan blandar susun sing sing diarani tumpang sari. Lumengsere wanci ana tambahan-tambahan ing perangan pinggir, satemah cacahe saka uga ditambah miturut kabutuhan.  Kajaba iku denah uga owah miturut kabutuhan konstruksi. Saka anane owah-owahan kasebut omah joglo dadi maneka jinise merga pancen wujude kang beda ing antarane yaiku:


1.         Joglo Lawakan
2.         Joglo Sinom
3.         Jog;o Jompongan
4.         Joglo Pangrawit
5.         Joglo Mangkurat
6.         Joglo Ageng
7.         Joglo Semar Tinandhu
8.         Joglo Lambangsari
9.         Joglo Wantah Apitan


     Sanajan akeh jinise ananging perangan omah wangun joglo umume kapantha dadi patang perangan yaiku:
1.         Pendhapa mapan ana ngarep, biasane digunakake kanggo nampa tamu utawa kanggo dolanan bocah-bocah. Pendhapa nduweni ruwangan jembar tanpa sekat, iki minangka pralambang sikap tinarbukane wong Jawa kang tansah nengenake karukunan.
2.         Pringgitan manggone ana tengah ing antarane pendhapa karo dalem  ageng. Ing jaman biyen perangan iki kerep digunakakake kanggo ngadani upacara tradhisional ruwatan anak sukerta lan pagelaran wayang. Bab iki nuduhake menawa masyarakat Jawa kang umume tani uga nengenake ing panembah lumantar kapitayane.
3.         Dalem Ageng utawa Dalem minangka bagean njero minangka punjere omah joglo, isine ruwangan kanggo ngumpul kulawarga lan ruangan liyane sing sipate luwih pribadi. Ing perangan iki uga ana senthong cacah telu yaiku senthong kiwa, senthong tengah, lan senthong tengen. Senthong tengah uga diarani krobongan sing digunakake kanggo nyimpen barang-barang pusaka lan uga pari asiling tetanen sarta minangka papan pamujan marang Dewi Sri lambang kasuburan lan kabagyan.
4.         Gandhok utawa Pawon, lan Pekiwan mapane ana perangan paling mburi. Gunane kanggo mangsak lan jedhing utawa kamar mandhi.
     Omah joglo iku wujude gedhe mula ora mokal sing nduweni biasane wong kang ekonomine cukup mapan. Kahanan iki disebabake pambangune mbutuhake wragad luwih akeh menawa katandhingake karo wujud omah liyane. Ing jaman biyen bebrayan Jawa nganggep menawa ora sadhengah uwong sing bisa nduweni omah joglo. Wangun omah iki kang wenang nduweni mung priyayi drajat ningrat. Ananging ing wektu iki omah joglo wis akeh digunakake dening warga masyarakat kanggo omah pribadi apadene kanggo papan patemon kayata gedhung patemon kantor.

0 komentar:

Posting Komentar