MAKANAN TRADISIONAL
TUMPENG
Tumpeng iku mujudake panganan kang digawe
saka sega kanthi wangun bucu, amarga saka kuwi banjur diarani sega tumpeng.
Tumpeng biasane disuguhake wektu kendhuri utawa kanggo mengeti kedadeyan sing
wigati. Tradhisi gawe tumpeng satemene wis ana ing tradhisi kuna masyarakat
Jawa minangka sarana kanggo muja gunung kang dadi papan paleremane para
leluhur. Dene ing kapercayan Hindhu wangun bucu utawa lancip ngentha wujude gunung
Mahameru, papane para dewa-dewi.
Jroning tradhisi masyarakat Jawa jaman
saiki, tumpeng digawe kanggo ubarampe upacara kang sipate seneng utawa suka uga
sedhih. Ing acara ritual, tumpeng direngga karo sayuran lan iwak kang nduweni
teges sing sakral lan nduweni pralambang lan pangarep. Tembung tumpeng mengku
werdi yen metu kudu sing mempeng. Sawetara iku panganan saka ketan sing wujude
saemper tumpeng aran buceng, werdine yen nyebut kudu sing kenceng. Lawuhe ana pitung
werna kang ngemu teges pitulungan. Surasane kuwi mau yaiku nyenyuwun marang
Gusti Kang Maha Agung supaya tansah entuk pitulungan, cedhak ing kamulyan lan
adoh saka sakehing bebaya. Dene kuwi mau bisa digayuh kanthi mbudidaya lan tekad
sing mempeng.
Menawa disetitekake satemene tumpeng iku
kepara dadi telung trap. Ngisor dhewe, tengah, lan pucukan utawa dhuwur dhewe.
Kabeh ngandhut piwulang. Perangan paling ngisor dhewe kang dipasangi gudhangan
lan jajanan iku dadi gegambaraning donyane manungsa. Trap kaloro utawa tengah
iku dadi sarana meneping rasa manungsa kang nuju kasampurnan. Dene pucuk dhewe
dadi simbol pangajabe manungsa mring Gusti kanggo nggayuh kabagyan sejati,
yaiku kang diarani ilmu sangkan paraning dumadi ana ing pucukan tumpeng kuwi.
Mula ing pucukan ditancepi lombok abang ngacung jejeg, iku kanggo pepeling
supaya manungsa kudu tansah eling marang Gusti Kang Maha Tunggal, yaiku Allah
SWT.
Jaman biyen tumpeng wernane putih, nanging
supaya katon endah tumpeng banjur diwernani. Saiki tumpeng ana maneka warna
jinise miturut wujud lan gunae. Tumpeng
Robyong yaiku tumpeng kang dipapanake ing wakul kanthi maneka sayuran. Ing
perangan pucuke tumpeng direngga endhog, trasi, brambang, lan lombok. Tumpeng
iki biasane digunakake ing tatacara siraman ningkahan adat Jawa. Tumpeng Mitoni yaiku tumpeng kang wujude
gedhe inh tengah lan iubengi tumpeng cilik cacah enem. Biasane dipapanake ing
tampah kang dilambari godhong gedhang. Tumpeng iki digawe saka sega putih lan
digunakake ing tatacara mitoni utawa tingkeban. Tumpeng Pungkur yaiku tumpeng kang digawe saka sega putih jangkep
sayur salawuhe. Tumpeng iki digawe ing tatacara lelayu priya utawa wanita kang
isih legan. Tumpeng Putih yaiku
tumpeng kang wernane putih digawe saka sega putih. Putih werdine suci. Tumpeng iki
digunakake nalika tatacara adat sakral. Tumpeng
sega kuning yaiku tumpeng kang wernane kuning digunakake ing tatacara
syukuran, kayata kelairan, ningkahan, lan sapanunggalane. Tumpeng sega uduk
kang diarani uga tumpeng tasyakuran digunakake kanggo pengetan Maulud Nabi.
Adat lupiya sing uwis, sesepuh kang
mangarsani tatacara lumrahe ngudhar dhisik makna kang kinandhut jroning suguhan
tumpeng. Kanthi cara kang mangkono iku wong kang melu ing tatacara adat mau
bakal mangerteni makna tumpeng lan antuk wedharan kang arupa piwulang urip
sarta pepeling.
0 komentar:
Posting Komentar