Sabtu, 24 Maret 2018

SOAL UTS : GSL 2017


PEMERINTAH PROVINSI JAWA TENGAH
DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN
SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN NEGERI 5
SURAKARTA
Jalan L.U Adi Sucipto Nomor 42 Laweyan, Surakarta Kode Pos 57143
Telepon 0271-713916 Faxsimile 0271-727068 Surat Elektronik info@smkn5solo.net


MAPEL   : BAHASA JAWA

                                                                       
        Kelompok                    :  SMK                                                                                                            Kelas               :  XII ( Dua belas )
        Bidang Keahlian          :  Teknologi dan Rekayasa                                                                             Hari/Tanggal    : 
        Komp. Keahlian          :  Semua Kompetensi Keahlian                                                                       W a k t u          :  60 menit



         Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi pratitis !
Setitekna cakepan tembang Kinanthi ing ngisor iki !
Mangka kanthining tumuwuh,
Salami mung awas eling,
Eling lukitaning alam,
Dadi wiryaning dumadi,
Supadi nir ing sangsaya,
Yeku pangreksaning urip.
(Serat Wedhatama pupuh Kinanthi pada 83: KGPAA Mangkunegara IV)
1.    Apa tegese tembung-tembung iki :
a. tumuwuh           b. salami          c. lukitaning                 d. wiryaning                 e. nir
2.    Apa isining tembang Kinanthi kasebut ing dhuwur ?
3.    Transliterasikna cakepan tembang Kinanthi ing ndhuwur kasebut nganggo bahasa Indonesia !
4.    Piwulang apa kang bisa dipethik saka isine tembang Kinanthi mau kanggo pabrayan saiki?
Setitekna geguritan iki !
Sun ngegurit,
Kahanan jaman saiki
sipat pemudha-pemudhi
srawunge saya ndadi
raket wewekane sepi
tan kadi jaman nguni
srawunge sarwa ngati-ati
5.    Miturut strukture  pethikan geguritan ing dhuwur kalebu jinis geguritan apa ? Terangna !
6.    Njlentrehna struktur batin pethikan geguritan kasebut ing dhuwur !
7.    Kepriye carane nulis geguritan iku ?
8.    Apa tegese “Ajining dhiri saka lathi, ajining raga saka busana” ?
9.    Nilai-nilai apa kang kamot ing perangan busana Jawa priya ing ngisor iki :
a. Udheng             b. jarik             c. klambi          d. sabuk           e. setagen
10.          Kepriye patrape ngganggo jarik gagrag Surakarta mligine tumrap priya ?


WILUJENG MAKARYA

ULANGAN HARIAN : TEMBANG PANGKUR

ULANGAN HARIAN 
( TEMBANG PANGKUR )

PANDADARAN PADINAN KELAS X SEMESTER GASAL T.P 2017-2018
Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi menehi tanda ping ana ing aksara a, b, c, d, utawa e !
 KD. 3.1 TEMBANG PANGKUR
A.  PILIHAN GANDA
1.    Teks Serat Wedhatama sing isine bab sanguning wong urip ing alam donya iku dianggit dening ....
A. KGPAA Mangkunegara IV                            D. Paku Buwono IV
B. KGPAA Mangkunegara VI                            E. Paku Buwono VI
C. Sunan Muria
              
2.    Cacahing gatra saben sapada sinebut ....
A. guru lagu                                                       D. guru wilangan
B. guru swara                                                     E. guru gatra
C. guru sastra

3.    Serat Wedhatama dumadi saka 5 pupuh.Sing diarani pupuh yaiku kumpulane ....
A. pada ing tembang                                          D. metrum ing tembang
B. gatra ing tembang                                           E. wanda ing tembang
C. wilangan ing tembang

4.    Guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur yaiku ....
A. 8a, 11u, 8a, 7i, 12u, 8a, 8i                             D. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 7a, 8i.
B            . 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.                            E. 8a, 11i, 8u, 7a, 8a, 12u, 8i.
C. 8a, 11i, 8u, 12u, 7a, 8a, 8i.

5.    Rerepen tembang ing ngisor iki semaken !                     Tembang ing ngiringan iki panganggone tembung
Sapantuk wahyuning Allah,                               garba tinemu ing gatra  ....
gya dumilah mangulah ngelmu bangkit,             A. 1
bangkit mikat reh mangukut,                              B. 2
kukutaning jiwangga,                                         C. 3
yen mangkono kena sinebut wong sepuh,                      D. 4
lire sepuh sepi hawa,                                          E. 5
awas roroning atunggil.

6.    Nanging janma ingkang wus waspadeng semu. Tembung waspadeng dumadi saka tembung ....
A. waspada + ana                                                           D. waspada + ing
B. waspada + aneng                                           E. waspada + neng
C. waspada + ning

7.    Rerepen tembang ing ngisor iki semaken !                     Tembang ing ngiringan ngemot pitutur babagan ....
Jinejer ing Wedhatama,                                      A. nyingkiri tumindak saka napsu angkara.
mrih tan kemba kembenganing pambudi,                       B. aja seneng sesongaran
mangka nadyan tuwa pikun,                              C. tansah olah rasa kanggo srawung ing satengahe
yen tan mikani rasa,                                               pabrayan iku wigati banget.                        
yekti sepi sepa lir sepah asamun,                                   D. aja seneng ngendelake wong tuwa 
samangsane pakumpulan,                                              E. aja dhemen mitenah                                               
gonyak-ganyuk nglelingsemi.                            
                                                                                                                          
8.    Saben tembang macapat iku dhuweni watak dhewe-dhewe. Watake tembang Pangkur yaiku ....
A. sereng                                                                        D. gregede, kendho
B. trenyuh, memelas                                          E. prihatin
C. ngresepake, luwes

9.    Tetembungan utawa unen-unen kang dianggo sajroning tembang sinebut ....
A. cengkok                                                         D. laras
B. cakepan                                                         E. pathet
C. titilaras

10.     Nalika gawe tembang kang ditemtokake luwih dhisik yaiku ....
A. ngepasake titilaras                                         D. nemtokake gagasan
B. ngrakit ukara kang endah                               E. ngepasake guru lagu lan guru wilangan
C. gawe ukara sing cacahe pada karo guru gatrane tembang

B.   URAIAN
II. Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi pratitis !
1.      Sebut lan njlentrehna struktur tembang Pangkur !
2.      Tuduhna tembung garba sajroning tembang ing ngisor iki banjur udhalen miturut asale tembung !
Si penggung nora nglegewa,
sangsayarda denira cacariwis,
ngandhar-andhar angendukur,
kandhane nora kaprah,
saya elok alangka longkangipun,
si wasis waskitha ngalah,
ngalingi marang sipingging.
3.      Coba transliterakna ngganggo basa Indonesia cakepan tembang ing ngisor iki !
Mingkar-mingkuring angkara,
akarana karenan mardi siwi,
sinawung resmining kidung,
sinuba sinukarta,
mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,
kang tumrap neng tanah Jawa,
agama ageming aji.
4.      Kepriye carane ngancarake tembang ?
5.      Coba gancarna cakepan tembang Pangkur iki !
Jinejer ing Wedhatama,
mrih tan kemba kembenganing pambudi,
mangka nadyan tuwa pikun,
yen tan mikani rasa,
yekti sepi sepa lir sepah asamun,
samangsane pakumpulan,
gonyak-ganyuk nglelingsemi.


MAKANAN TRADISIONAL : TUMPENG


MAKANAN TRADISIONAL

TUMPENG


     Tumpeng iku mujudake panganan kang digawe saka sega kanthi wangun bucu, amarga saka kuwi banjur diarani sega tumpeng. Tumpeng biasane disuguhake wektu kendhuri utawa kanggo mengeti kedadeyan sing wigati. Tradhisi gawe tumpeng satemene wis ana ing tradhisi kuna masyarakat Jawa minangka sarana kanggo muja gunung kang dadi papan paleremane para leluhur. Dene ing kapercayan Hindhu wangun bucu utawa lancip ngentha wujude gunung Mahameru, papane para dewa-dewi.
     Jroning tradhisi masyarakat Jawa jaman saiki, tumpeng digawe kanggo ubarampe upacara kang sipate seneng utawa suka uga sedhih. Ing acara ritual, tumpeng direngga karo sayuran lan iwak kang nduweni teges sing sakral lan nduweni pralambang lan pangarep. Tembung tumpeng mengku werdi yen metu kudu sing mempeng. Sawetara iku panganan saka ketan sing wujude saemper tumpeng aran buceng, werdine yen nyebut kudu sing kenceng. Lawuhe ana pitung werna kang ngemu teges pitulungan. Surasane kuwi mau yaiku nyenyuwun marang Gusti Kang Maha Agung supaya tansah entuk pitulungan, cedhak ing kamulyan lan adoh saka sakehing bebaya. Dene kuwi mau bisa digayuh kanthi mbudidaya lan tekad sing mempeng.
     Menawa disetitekake satemene tumpeng iku kepara dadi telung trap. Ngisor dhewe, tengah, lan pucukan utawa dhuwur dhewe. Kabeh ngandhut piwulang. Perangan paling ngisor dhewe kang dipasangi gudhangan lan jajanan iku dadi gegambaraning donyane manungsa. Trap kaloro utawa tengah iku dadi sarana meneping rasa manungsa kang nuju kasampurnan. Dene pucuk dhewe dadi simbol pangajabe manungsa mring Gusti kanggo nggayuh kabagyan sejati, yaiku kang diarani ilmu sangkan paraning dumadi ana ing pucukan tumpeng kuwi. Mula ing pucukan ditancepi lombok abang ngacung jejeg, iku kanggo pepeling supaya manungsa kudu tansah eling marang Gusti Kang Maha Tunggal, yaiku Allah SWT.
     Jaman biyen tumpeng wernane putih, nanging supaya katon endah tumpeng banjur diwernani. Saiki tumpeng ana maneka warna jinise miturut wujud lan gunae. Tumpeng Robyong yaiku tumpeng kang dipapanake ing wakul kanthi maneka sayuran. Ing perangan pucuke tumpeng direngga endhog, trasi, brambang, lan lombok. Tumpeng iki biasane digunakake ing tatacara siraman ningkahan adat Jawa. Tumpeng Mitoni yaiku tumpeng kang wujude gedhe inh tengah lan iubengi tumpeng cilik cacah enem. Biasane dipapanake ing tampah kang dilambari godhong gedhang. Tumpeng iki digawe saka sega putih lan digunakake ing tatacara mitoni utawa tingkeban. Tumpeng Pungkur yaiku tumpeng kang digawe saka sega putih jangkep sayur salawuhe. Tumpeng iki digawe ing tatacara lelayu priya utawa wanita kang isih legan. Tumpeng Putih yaiku tumpeng kang wernane putih digawe saka sega putih. Putih werdine suci. Tumpeng iki digunakake nalika tatacara adat sakral. Tumpeng sega kuning yaiku tumpeng kang wernane kuning digunakake ing tatacara syukuran, kayata kelairan, ningkahan, lan sapanunggalane. Tumpeng sega uduk kang diarani uga tumpeng tasyakuran digunakake kanggo pengetan Maulud Nabi.
     Adat lupiya sing uwis, sesepuh kang mangarsani tatacara lumrahe ngudhar dhisik makna kang kinandhut jroning suguhan tumpeng. Kanthi cara kang mangkono iku wong kang melu ing tatacara adat mau bakal mangerteni makna tumpeng lan antuk wedharan kang arupa piwulang urip sarta pepeling.

PAWARTA : TEKS PAWARTA


TEKS PAWARTA

Wacanen pawarta ing ngisor iki kanthi pratitis !
Ndungkap Mudhik Lebaran, Petugas Masang Rambu Tambahan
           Rambu lalu lintas tambahan dipunpasang petugas Dinas Perhubungan kaliyan Satlantas Polres Karanganyar ing sauruting margi Solo-Surabaya Kilometer sewelas-kalih welas, peneripun ing Desa Nglarangan, Kecamatan Kebakkramat ingkang nembe dipunwiyaraken. Rambu tambahan dipunpasang kanthi ancas supados warga mboten bingung amargi ing saperangan margi namung kangge setunggal jalur. Kanthi rambu tambahan menika kaangkah saged ngawekani macet kendharaan ndungkap tumapaking mudik lebaran ingkang namung kantun etungan dinten malih.
           Kajawi masang rambu enggal ing dasan papan, petugas ugi nggantos dasan rambu ingkang sampun lami utawi risak. Margi Solo-Surabaya ing Kecamatan Kebakkramat menika pancen dados kawigatosanipun petugas amargi gunggung kendharaan ingkang miyos kathah satemah asring kedadosan kacilakan. Satlantas Polres Karanganyar saha Dinas Perhubungan aprajanji badhe nambah petugas ing papan menika, mliginipun ngancik wekdal mudhik lebaran.
(Sumber Pawarta: Trangsandyakala TATV 12 Juli 2014)


  Perangane pawarta (5W + 1H) “Ndungkap Mudhik Lebaran, Petugas Masang Rambu Tambahan” !
No.
Pitakonan (5W + 1H)
Wangsulan
a.
Apa kedadeyane?
Petugas masang rambu tambahan.
b.
Ing ngendi kedadeyane?
Sauruting dalan Solo-Surabaya Kilometer sewelas-rolas, penere ing Desa Nglarangan, Kecamatan Kebakkramat.
c.
Kapan kedadeyane?
Ndungkap tumapaking mudik lebaran kang mung kari etungan dina wae.
d.
Sapa kang nindakake?
Petugas Dinas Perhubungan karo Satlantas Polres Karanganyar.
e.
Geneya nganti kedadeyan?
Mudhik lebaran akeh kendharaan kang liwat saengga dalan macet lan rawan kacilakan.
f.
Kepriye kedadeyane?
Tumapak mudik lebaran akeh kendharaan kang liwat. Dalan dadi macet lan rawan kacilakan. Petugas Dinas Perhubungan karo Satlantas Polres Karanganyar masang puluhan rambu anyar ing papan kang wis suwe utawa rusak saha nambah petugas Satlantas.


CRITA WAYANG : BIMA BUNGKUS


CRITA WAYANG
( BUKU MAHABARATA )

Bima Bungkus

                        Saisine Negara Astina bela sungkawa awit putrane Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi lair kanthi wujud kang ora lumrah yaiku kanthi kahanan bungkus. Sawetara ibune bungkus, Dewi Kunthi sing bungah nampa kanugrahan putra, mung bisa pasrah marang keparenge Gusti nalika nyipati kahanan kang kaya mangkono. Ora ana senjata kang bisa tumama mecah wujuding bungkus. Pirang-pirang pambudidaya kanggo ngluwari panandhange bungkus ora ana sing kasil.
Semono uga para Kurawa sing dipandhegani Kurupati kang melu mbudidaya mecah bungkus, sanajan tujuwane beda yaiku kanggo nyirnakake jabang bayi uga ora kuwawa mrantasi. Wusanane ana wangsite dewa kang ditampa dening Prabu Pandhu mutusake bungkus dibuwang menyang alas Krendhawahana.
                        Sawise pirang-pirang taun ana alas, kanyatan ora nuduh tandha-tandha bungkus luwar saka panandange. Kahanan kang kaya mangkono yekti ndadekake prihatin para sanak sedulur kalebu adhine bungkus yaiku Permadi. Maneka pambudidaya ditindakake dening Permadi kanggo aweh pitulungan, salah sijine kanthi nyuwun pituduh marang eyang Resi Abiyasa kang mapan ing Wukir Retawu. Marang Permadi, Resi Abiyasa ngendika menawa bungkus kuwi lagi nglakoni karmane kang ing tembe bakal dadi satriya utama lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu sejati. Dening Resi Abiyasa, Permadi dijaluk supaya ora nguwatirake bungkus lan kabeh kaajab tansah nyenyuwun ana ngarsane Gusti Kang Maha Agung murih kahanane enggal luwar. Entuk dhawuh kang kaya mangkono bungah rasane Permadi tumuli enggal pamit bali menyang Astina.
                        Sawatara iku ing kahyangan Suralaya, bathara Guru nimbali putrane kang wujud gajah yaiku Gajah Sena tumuli kadhawuhan kinen mecah si bungkus murih bisa dadi sejatining manungsa. Sang Guru uga ngutus Dewi Umayi supaya ngladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus lan paring busana arupa cawat bang bintulu abang, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku pancanaka. Sawetara iku Gajah Sena kanthi kekuwatane mbudidaya buka bungkus. Ananging pecahing bungkus malah ndadekake bayi ngamuk amarga rumangsa dilarani. Dredah ora bisa diendhani maneh, kalorone gelut nganti wusanane Gajah Sena tumekeng pati. Eloking lelakon sasirnane Gajah Sena, sukma lan kekuwatane manjing ing badane si bayi bungkus.
                        Nguningani kedadeyan kuwi, kamituwaning dewa Bathara Narada tumurun menyang arcapada mrepegi si jabang bayi. Bayi bungkus miterang marang Bathara Narada.
                        “Heemmm.... Aku iki sapa ?”
                        “Perkencong, perkencong waru dhoyong, ngger sira kuwi sejatine putra kang kaloro ratu ing Astina Prabu Pandhu Dewanata. Sira lair awujud bungkus lan kersaning dewa sira kudu dadi satriya utama. Sineksen jagad saisine sira takparingi tetenger Bratasena ya ngger....” mangkono dhawuh saka Bathara Narada.
                        Diwasane Bratasena dadi satriya gagah prakosa sekti mandraguna. Kasatriyane yaiku ing Jodhipathi. Ing sawijining wektu Bratasena katekan Raja Tasikmadu kang njaluk sraya kanggo nyirnakake raja raseksa Prabu Kala Dahana lan patihe Kala Bantala. Kala Maruta, lan Kala Ranu. Kanthi kasektene, Bratasena sembada ngalahake para raseksa kasebut. Sabanjure kekuwatane raseksa mau manjing ing badane Bratasena, yaiku kekuwatan geni, bumi, banyu, lan angin. Ing tembe Bratasena kang uga kekasih Raden Werkudara ya Raden Bimasena mapan ing Kasatriyan Jodhipati.
Kapethik saka: caritawayang.blogspot.com/2013/03/bima-bungkus.html,kanthiowah-owahan sawetara.